Wakil Bupati Gresik Aminatun Habibah barengan karo Kepala Dinas Pendidikan Kabupaten (Kadispendik) Gresik S. Harianto karo Kepala Sekolah SMPN 33 Gresik Sulaiman ngresmekno Gedung sekolah UPT. SMPN 33 Gresik.
Teko pangawasan nang panggonane, Seloso (01/03) peresmian gedhong sing nok komplek perumahan Bukit Bambe, Deso Cerme-Driyorejo iki ditengeri karo tondho tekenan nang tetenger karo ngetok pita.
Peresmian iki yo disakseni karo Anggota DPRD Kabupaten Gresik Atek Ridwan ambek Sujono, Camat Driyorejo Narto, Danramil, Kapolres Driyorejo, PERGUNU ambek Kepala Desa Bambe Mujiono.
ADVERTISEMENT
SCROLL TO RESUME CONTENT
Wakil Bupati Gresik Aminatun Habibah nang sambutane kondho, nek jawaban teko pekoro-pekoro nang Kabupaten Gresik salah sijine yoiku peningkatan kualitas sumber daya manusia (SDM) sing onok. Mangkane, pemerintah Kabupaten Gresik liwat Dinas Pendidikan ape ngekeki perhatian nang babakan pendidikan, yoiku pekoro sarono karo uborampe utowo kesejahteraan pendidike.
“Wis dadi kewajibane awak dhewe kabeh, kudu mestekno anane infrastruktur sekolah sak ubo rampene sing paling apik kanggo anak-anake awak-awak dewe kabeh” dhawuhe Wabub.
(jarene)
Sakdurunge diresmekno dino iki, Siswo-siswo SMPN 33 Gresik sing kabehe onok 439 iki ngenggoni gedhong SMPN 8 Gresik sing nang Deso Tenaru kanggo sinau bendinane.
Sak iki, sakwise diresmekno laladan sing ambane 7.816 m² siswo-siswo SMPN 33 Gresik iso ngenggoni gedhong sekolahane dhewe sing enggone gak adoh teko omahe.
“Pancen disengojo kito resmekno dino iki, supoyo arek-arek kelas 9 iso ngerasakno nganyari gedhong” dhawuhe Wabub ngono.
Wabub yo wanti-wanti nek wes diresmekno, proses pembangunan iki ojok sampek mandeg, mergo sik onok piro-piro ubo-rampe sing kudhu dijangkepi kanggo nambah kualitas pasinaon, yoiku perpustakaan, laboratorium, UKS sak liya-liyane.
“Engkok awak dhewe bareng-bareng karo Kadospendik ngupayakno supoyo arek-arek iso ngrasakno opo wae sing pancen dadi hake”jarene
Gandeng bab pendidik, nang kolo iki Wabub yo nggagas bab kesejahteraan guru non PNS nduk Kabupaten Gresik. Jarene wingi Pemerintah Kabupaten Gresik liwat Dinas Pendidikan wis mundhakno bayaran kanggo guru non PNS sing kedaftar.
“Mugo-mugo wae iki iso ngrewangi bapak-ibu guru sing durung PNS, mergo iki kekarepan awak dhewe kabeh jalaran guru iku salah sijine kautaman penting kanggo nyukupi kesejahteraane” cuthele. (Bgs/tik)